Kedadeyan iki dhek taun 2001, nalika aku operasi Katarak ana ing RSUPD dr.Muwardi Sala. Saben sakamar diisi wong loro, aku karo sedulur saka Sukaharja asmane takcekak pak R. Wanci sore sadurunge operasi, ditekani dening jururawat ngandhani yen sesuk wis arep dioperasi. Mula sadurunge, wiwit saiki jam 6 wis ora pareng dhahar, tegese pasa. Dene parenge dhahar maneh sesuk jam 6 sore. Sadurunge operasi rambute kudu dicukur dhisik.
Saungkure jururawat, pak R katon gelisah utawa ora jenjem, mlebu metu kamar kaya ana sing digoleki, suwe-suwe pak R banjur lunga kira-kira ana sakjam lagi bali, katon semringah raine resik malah nganggo kupluk anyar barang.
Esuke kira-kira jam 8 ketekan jururawat sing tugas dina iku.
"Pak saiki operasi arep dimulai, lho .... rambute kok durung dicukur," kandhane jururawat. Pak R ora mangsuli, kanthi tenang pak R ngangkat kupluke. Jururawat weruh iku ngguyune ora bisa diampet, dede niku sing dicukur nanging rambut sing enten ing mripat alias idep. Ana-ana bae arep operasi katarak ndadak gundhul dhisik.




