Amarga sekolahan SGB II Pekalongan ora nduwe asrama, mula murid-muride ana sing nglaju, ana sing indekost. Klebu aku nggone sekolah dak laju saka Comal tekan Pekalongan, kang adohe 18 km. Mangka saka ratan gedhe tekan omahku adohe 5 km luwih, tur yen mangsa udan kudu nuntun pit, sok-sok malah manggul barang.
Kanggo ngawekani ben aja telat nalika ujian, mula tanggal 7,8,9 Juli 1958 aku nunut kost nang nggone Mas W kanca sing indekost nang Kraton Pekalongan. Dhuh Gusti, kamare ciyut isine dhipan siji ambane 1 meter, meja cilik siji, rak wadhah sandangan. Kamare pager sisih wetan perangan ndhuwur ana bolongan 1/2 meter, yen awan dibukak, yen bengi sok ditutup.
Ujian wiwitan rampung, aku mulih bareng karo Mas W dheweke sing nggenjot, aku sing mbonceng.Tekan ngomah Mas W ngaso neng lincak ngarep, aku salin sandhangan, wudzu, terus sholat dzuhur. Nalika sholatku nembe rukuk, ora weruh sangkaning bilahi gegerku ana sing mbandhem buntelan. Buntelan tiba nang ngarepku. Rampung sholat Mas W dak gered dakkon njupuk buntelan mau. Karo mesam-mesem buntelan digawa nang meja makan, bareng dibukak jebul isine pecel karo lawuh liyane. Dimbes-mbes jebul omah wetane ana cah wedok sing jatuh cinta karo Mas W.
Dhuh Gusti, jebul jaman semana antarane wong lanang karo wong wedok yen ana rasa seneng, kok ana sing nganggo bandhem-bandheman. Witikna durung usum HP.
Taklim katur Mas W ing Kedhongdhong - Subah.
Taksadurake saka PS 201208



