Selasa, 03 Maret 2009

UJIAN NGANGGO LAMPU SENTER


Diiming-imingi bakal oleh tunjangan profesi 100% gaji pokok tumrape guru sing wis oleh sertifikasi pendidik, guru-guru SD padha gumregah melu kuliah maneh golek ijazah S1.Ora mung sing enom, sanadyan wis padha duwe putu ya ora gelem keri. Semangate makantar-kantar ora kalah karo sing isih enom. Nanging ibarate mesin motor, yen wis tuwa kuwi pangrumate ya beda. Wektu tutorial, mahasiswa enom gawane cukup buku cathetan karo modul. Yen sing tuwa gawane werna-werna. Luwih-luwih yen ujian semesteran.
Sing arep dak critakake iki nalika ujian semester PGSD UT Pokjar Kecamatan Pemalang. Lagi mlebu ruang ujian wae wis padha ngguyu ger-geran. Arep ora ngguyu piye? Lha wong gawane neka-neka. Ana sing nggawa tas gedhe kaya wong arep piknik. Jebul isine modul karo buku cathetan. Jare nggo sinau mengko yen ngaso. Ana maneh sing nggawa termos isi teh panas. Jare yen otake wis jendhel ora bisa mikir, diombeni wedang panas terus mak byar .... smart ... cerdhas maneh. Ana uga sing nggawa dhuwit koin karo balsem kanggo jaga-jaga mbokmenawa masuk angin.
Nanging beda sing diasta Bu A. Mlebu ruang ujian, sing dituduhake lampu senter. Kancane padha ngira tindake saka ndalem esuk banget, mula ngasta lampu senter. Nalika wiwit nggarap soal ujian, kabeh padha anteng ngliker. Bu A ngetokake lampu sentere. Soal ujian disoroti nganggo lampu senter. Ana sorot-sorote lampu senter kabeh padha noleh menyang lungguhe Bu A. Bareng weruh apa sing ditindakake Bu A, padha ngguyu ger-geran maneh. Ngendikane Bu A kalem "Yen ora disoroti lampu senter, mengko ondhol-ondhole penjol!". Kancane ana sing nyambung" Pancen Bu, yen penjol baksone ora payu, alias ora lulus!
Apa tumon nggarap soal ujian kok nganggo lampu senter?
Ayo kanca-kanca, aja cilik ati! Jalan terus! Jangan menyerah sebelum terbukti kalah!

saduran saka PS201208







Tidak ada komentar:

Posting Komentar