Selasa, 03 Maret 2009

LAGI SHOLAT DIBANDHEM BUNTELAN

Pengalamanku nunut kost 3 dina 3 bengi nang Kraton Pekalongan nalika arep ujian akhir SGB kelas IV th 1958.
Amarga sekolahan SGB II Pekalongan ora nduwe asrama, mula murid-muride ana sing nglaju, ana sing indekost. Klebu aku nggone sekolah dak laju saka Comal tekan Pekalongan, kang adohe 18 km. Mangka saka ratan gedhe tekan omahku adohe 5 km luwih, tur yen mangsa udan kudu nuntun pit, sok-sok malah manggul barang.
Kanggo ngawekani ben aja telat nalika ujian, mula tanggal 7,8,9 Juli 1958 aku nunut kost nang nggone Mas W kanca sing indekost nang Kraton Pekalongan. Dhuh Gusti, kamare ciyut isine dhipan siji ambane 1 meter, meja cilik siji, rak wadhah sandangan. Kamare pager sisih wetan perangan ndhuwur ana bolongan 1/2 meter, yen awan dibukak, yen bengi sok ditutup.
Ujian wiwitan rampung, aku mulih bareng karo Mas W dheweke sing nggenjot, aku sing mbonceng.Tekan ngomah Mas W ngaso neng lincak ngarep, aku salin sandhangan, wudzu, terus sholat dzuhur. Nalika sholatku nembe rukuk, ora weruh sangkaning bilahi gegerku ana sing mbandhem buntelan. Buntelan tiba nang ngarepku. Rampung sholat Mas W dak gered dakkon njupuk buntelan mau. Karo mesam-mesem buntelan digawa nang meja makan, bareng dibukak jebul isine pecel karo lawuh liyane. Dimbes-mbes jebul omah wetane ana cah wedok sing jatuh cinta karo Mas W.
Dhuh Gusti, jebul jaman semana antarane wong lanang karo wong wedok yen ana rasa seneng, kok ana sing nganggo bandhem-bandheman. Witikna durung usum HP.
Taklim katur Mas W ing Kedhongdhong - Subah.

Taksadurake saka PS 201208










UJIAN NGANGGO LAMPU SENTER


Diiming-imingi bakal oleh tunjangan profesi 100% gaji pokok tumrape guru sing wis oleh sertifikasi pendidik, guru-guru SD padha gumregah melu kuliah maneh golek ijazah S1.Ora mung sing enom, sanadyan wis padha duwe putu ya ora gelem keri. Semangate makantar-kantar ora kalah karo sing isih enom. Nanging ibarate mesin motor, yen wis tuwa kuwi pangrumate ya beda. Wektu tutorial, mahasiswa enom gawane cukup buku cathetan karo modul. Yen sing tuwa gawane werna-werna. Luwih-luwih yen ujian semesteran.
Sing arep dak critakake iki nalika ujian semester PGSD UT Pokjar Kecamatan Pemalang. Lagi mlebu ruang ujian wae wis padha ngguyu ger-geran. Arep ora ngguyu piye? Lha wong gawane neka-neka. Ana sing nggawa tas gedhe kaya wong arep piknik. Jebul isine modul karo buku cathetan. Jare nggo sinau mengko yen ngaso. Ana maneh sing nggawa termos isi teh panas. Jare yen otake wis jendhel ora bisa mikir, diombeni wedang panas terus mak byar .... smart ... cerdhas maneh. Ana uga sing nggawa dhuwit koin karo balsem kanggo jaga-jaga mbokmenawa masuk angin.
Nanging beda sing diasta Bu A. Mlebu ruang ujian, sing dituduhake lampu senter. Kancane padha ngira tindake saka ndalem esuk banget, mula ngasta lampu senter. Nalika wiwit nggarap soal ujian, kabeh padha anteng ngliker. Bu A ngetokake lampu sentere. Soal ujian disoroti nganggo lampu senter. Ana sorot-sorote lampu senter kabeh padha noleh menyang lungguhe Bu A. Bareng weruh apa sing ditindakake Bu A, padha ngguyu ger-geran maneh. Ngendikane Bu A kalem "Yen ora disoroti lampu senter, mengko ondhol-ondhole penjol!". Kancane ana sing nyambung" Pancen Bu, yen penjol baksone ora payu, alias ora lulus!
Apa tumon nggarap soal ujian kok nganggo lampu senter?
Ayo kanca-kanca, aja cilik ati! Jalan terus! Jangan menyerah sebelum terbukti kalah!

saduran saka PS201208







Senin, 23 Februari 2009

GUNDHUL

Kedadeyan iki dhek taun 2001, nalika aku operasi Katarak ana ing RSUPD dr.Muwardi Sala. Saben sakamar diisi wong loro, aku karo sedulur saka Sukaharja asmane takcekak pak R. Wanci sore sadurunge operasi, ditekani dening jururawat ngandhani yen sesuk wis arep dioperasi. Mula sadurunge, wiwit saiki jam 6 wis ora pareng dhahar, tegese pasa. Dene parenge dhahar maneh sesuk jam 6 sore. Sadurunge operasi rambute kudu dicukur dhisik.
Saungkure jururawat, pak R katon gelisah utawa ora jenjem, mlebu metu kamar kaya ana sing digoleki, suwe-suwe pak R banjur lunga kira-kira ana sakjam lagi bali, katon semringah raine resik malah nganggo kupluk anyar barang.
Esuke kira-kira jam 8 ketekan jururawat sing tugas dina iku.
"Pak saiki operasi arep dimulai, lho .... rambute kok durung dicukur," kandhane jururawat. Pak R ora mangsuli, kanthi tenang pak R ngangkat kupluke. Jururawat weruh iku ngguyune ora bisa diampet, dede niku sing dicukur nanging rambut sing enten ing mripat alias idep. Ana-ana bae arep operasi katarak ndadak gundhul dhisik.


nyadur malih saking PS170508








GEJALA KENCI...

Lara Gejala Kenci iki pengalamane pamanku dadi dokter ana Puskesmas desa. Senajan dokter anyar nanging pasiene akeh. Mertandhakake kesadharan masyarakat bab kesehatan cukup gedhe. Sawijine dina ngepasi santai, pamanku ketamon wong lanang kira-kira 55 taun umure magita gita njaluk dipriksa. "Pak dokter... pak dokter nyong lara gejala kenci...." pangeluhe pasien nganggo basa pesisiran kang medhok, "Nyong pan suntik...."
Pamanku rada bingung nampa pangeluhe Pak Mian, jenenge si pasien.
"Gejala kenci?" pitakone pamanku semu gumun.
"Iye, awake nyong lara kabeh..."
Pamanku nyoba nerangake menawa ora ana penyakit gejala kenci iku.
"Lho, nyong nglakoni," kilahe Pak Mian, "kiye mumete ra karuan."
Kanggo nenangane pasien, pamanku mriksa sinambi takon wiwit kapan lara gejala kenci iku lan priye critane.
"Ceritane....dina senin enjing nyong pan mangkat kerja..." Pak Mian njur mraktekake.
"Ujug-ujug wetenge nyong lara, kebelet. Nyong ndhodhok ana kali....ee.... ora ndelok lor-kidul. Kenci nguncalake jala, nyong ora isa endha, dadine nyong gejala kenci..."
Krungu katerangan mangkono, pamanku melongo. Sawise nyuntik lan aweh obat, Pak Mian pamit bali. Pamanku ngeterake tekan lawang karo mesam mesem.
"Jebul ana uga ya lara gejala kenci," guneme ing ati. Apa tumon?


disaduraken saking PS 170508




Sabtu, 21 Februari 2009

DONDHONG APA SALAK

Crita iki dialami kancaku nunggal kantor,arane bu E.Ya jenenge wanita karier, lumrah yen saliyane mikir pegaweyan kantor ya mikir pegaweyan omah, endi sing masak, umbah-umbah, resik-resik omah lan saabreg pegaweyan liyane. Mula dina iku kondur saka mulang, bu E langsung bablas mampir pasar mundhut blanjaan kanggo dina iku uga mesisan blanja kanggo sesuk.

Wong ki merga kakehan mikir, kadhang apa sing diomongna ora padha karo apa sing dipikir. Sawise oleh blanjaan, bu E mirsani wong adol buah-buahan, wah panas-panas ngene yen nggawe rujak legi mendah segere guneme jroning ati. Mula bu E ora srantan enggal mundut sakwernane buah kanggo rujakan. Nalika pirsa ana wong adol dondhong digelar ing ngisor, bu E langsung ndhodhok milih dondhong sing gedhe-gedhe sejinah, banjur ngendikan marang bakule, karepe arep takon sejinah piro.

"Bu....niki dondhong apa salak?" lha dalah ...... apa ora kisinan? Apa tumon?

Penake ya diteruske .... duku cilik cilik, gendhong apa mbecak ......!

nyadur saking PS tgl 24-01-09



Senin, 16 Februari 2009

Uji coba




percobaan